B. Daerah

Pertanyaan

contoh karangan bahasa jawa ngoko kromo

1 Jawaban

  • • Tembung basa ngoko sejatine mung cekakan kanggo nggampangake pangrembug, tembung ngoko ono 2 yaiku:
    Wewatone basa ngoko
    Tembung-tembung sing kapilih apik lan prayoga:
    Utomo/susila(normatif), sopan(etis), ora kasar/saru lsp.
    Umum, dudu dialek/tembung nggon-nggonan
    Sabisa-bisa nggunakake tembung jawa asli
    Kabeh ngoko ora kecampur krama inggil, tumrap andhakan, ater-ater, nanging tetep panambange ngoko
    Pangrakiting ukara, gampang dimengerti, sabisa-bisa miturut paugeran basa utawa para masastra. Tuladha: jejer,wasesa lsp
    Nganggite basa gampang dimengerti lan nyenengake (komunikatif)
    Susunane panalaran utawa logika runtut ora pating blasur
    NGOKO LUGU
    • Yaiku basa kang isih asli, murnibares lan tumenem
    • Paedahane basa ngoko lugu kanggo wong sing statuse sadrajad utawa luwih cendhek,guru karo murid, wong tuwo karo bocah enom lsp, uga karo wong sing wis kulina banget utawa kanca karo kanca
    • Nanging ora kanggo menawasak walikane, tuladha murd karo guru, bocah enom karo wong tuwo lsp
    • Tuladha tembung
    ü Merga wis awan kowe saiki kudu mangan neng kene!
    ü Kowe mengko bengi sida turu kene, ta?
    ü Yen ora gelem teka dhewe, ya ora usah diwenehi
    NGOKO ALUS
    • Ngoko kang dicampuri krama inggil kanggo garwa marang kakunge, ibu marang bapak, wong tuwo marang wong enom nanging pangkat utawa drajade luwih dhuwur
    • Nanging ora bisa kanggo sak kuwaliane
    • Tuladha tembung
    ü Merga wis awan panjenengan saiki kudu dhahar neng kene!
    ü Panjenengan mengko bengi sida sare kene, ta?
    ü Yen ora kersa rawuh dhewe, ya ora usah dicaosi
    ü Pak lurah wingi jarene gerah, mulane ora sida tindak
    KRAMA
    • Tembung basa krama sejatine mung cekakan deneng komplite krama lugu. Awujud krama lugu ora dicampuri krama inggil apa dene ngoko lugu
    • Kanggo wong sapadha padha kang durung tepung utawa kurang raket srawunge ing pirembugan sajroning parepatan, bawa rasa, sarasehan ngenani kebudayaan lsp
    • Tuladha tembung
    ü Amargi sampun siyang sampeyan saikmenika kedah nedha wonten mriki!
    ü Sampeyan mangke dalu tamtu tilem ngriki, ta?
    ü Yen mboten purun dugi piyambak,mboten usah dipunsukani
    KRAMA INGGIL
    • Krama inggil diarani uga krama alus
    • Kanggo rembugan karo wong liya sing luwih diajeni utawa diurmati,
    • Kanggo anak marang bapak-ibune, putu marang embah/eyange,murid marang guru, lsp. Dening sapa wae yen wawangunem karo paraga sing pantes diajeni awit luwih tuwo/dhuwur pangkate. Nanging ora kanggo menawa digunaake kosok baline
    • tuladha tembung
    o Amarga sampun siyang, panjenengan sakmenika kedah dhahar wonten mriki
    o Panjenengan mangkeh dalu tamtu sare mriki, ta?
    o Yen mboten kersa rawuh piyambak, mboten usah dipuncaosi.



    sorry klo salah

Pertanyaan Lainnya